SATRIA SEKTI MANDRAGUNA
Oleh : Wasis Budiarto,S.Pd
Adipathi Karna
dadi senopatine Kurawa. Dene Pandhawa nggangka Raden Arjuna dadi senopati.
Prabu Kresna Ndadani Arjuna nganggo busana sing mirip karo Karna, adhipati
Karna satria ing Ngawangga karo Arjuna kaya jambe sinegar jalaran kekalihe
sedulur nunggal ibu.
Karna lan
Arjuna wis phada siap ing kretane dhewe-dhewe. Karna dikusiri Prabu salya. Prabu
Salya sejatine ora seneng marang Kurawa. Jalaran surti Khanti putrine dhadi
bojone Karna. Arjuna dikusiri prabu Kresna. Turangga cacah wolu kang dikirim
dewa Wisnu lumantar Prabu Kresna uga wis siaga narik kreta Kyai Jaladara. Prabu
Kresna ngutus Arjuna supaya njaluk pangestu lan atur pngabekti marang adhipati
Karna supaya mbatalake paperangan amarga taksih sedherek. Adhipati karna nolak.
Adhipati Karna nolak amarga jejering satriyo utama, kudu berbudi bawa laksana. Ngugemi
prasetya, ora tinggal ngganggang colong playu.
Akhire kekalihe
perang ora bias dicegah amaga kekalihe padha duwe alas an dhewe-dhewe, kekalihe
tandhing sebab padha-padha sekti mandraguna, sapa bae kang nonton perang mau
bakal gumun lan kaget jalaran kekalihe padha-padha prigel.
Mangewu-ngewu
prajurit padha leren lan mandheg anggone bandayuda amarga arep mangerteni
perang tandhinge Arjuna lan Karna. Kekalihe migunakkake busana sing padha. Pawakane
padha, kesaktiane ugo podho mila parange tandhing.

Selamat membaca....
BalasHapus