PHIDATO PERPISAHAN
Oleh : Wasis Budiarto,S.Pd
Assalamualaikum wr. Wb
Bapak Kepala Sekolah, Bapak / Ibu Guru SDN 01
Wangandowo ingkang kulo bekteni, Bapak/Ibu Wali Murid Kelas VI ingkang
kinurmatan, saha mas ugi mbak ingkang kula tresnani.
Sak sederengipun kula matur manga kulla derekaken asung
puja dhumateng Gusti Ingakang Maha Agung, awit dinten menika kita sasih saget
makempal wonten aula sekolah khanti bagas waras, kali sing rubeda nir ing
sambikala.
Keparenga kula minangka sesulih siswa-siswa SDN 01
Wangandowo ngaturaken sugeng rawuh ing acara perpisahan kelas VI. Kula minangaka
adhik kelas ngaturaken selamat kagem mas saha mbak ingkang sampun lulus, lulus
khanti biji sae. Sedaya wau awit panggulawntahipun Bapak/Ibu Guru. Utaminipun
Ibu Hartini ingkang ngasta kelas VI
Mugi-mugi kela saget nuladhani semangat mas saha mbak,
mekaten ugi mas saha mbak saget nerasaken sekolah teng SMP. Mekaten ingkang
saget kula aturaken. Kupat bumbu santen meawi lepat kula nyuwun pangapunten,
suwun
Waalaikumsalam wr. Wb

Komentar
Posting Komentar